Tujuan pernikahan antasiwipun kangge nerasaken keturunan. Ewadene keturunan ingkang dipun kersakaken inggih punika ingkang kiat, sehat lan taat ibadahipun. Mila Kangge mujudaken punika kedah mawi usaha lan ikhtiar. Mila kita aturaken kanthi khutbah Jum'at.
اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بنِعْمَةَ اْلِإيْمَانِ وَاْلإِسْلَامِ، وَأَفْهَمَنَا مِنْ عُلُوْمِ الدِّيْنِ وَاْلعَقِيْدَةِ، وَبَيَّنَ لَنَا وَأَرْشَدَنَا اْلأَخْلَاقَ الْكَرِيْمَةَ وَاْلأَعْمَالَ الصَّالِحَةَ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِيْنَا بِهَا مِنْ أَهْوَالِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ شَافِعُ اْلأُمَّةِ وَخَيْرُ اْلبَرِيَّةِ, اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصَّالِحَاتِ وَيَجْتَنِبُوْنَ اْلَمنْهِيَّاتِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قُلْ اِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّوْنَ اللّٰهَ فَاتَّبِعُوْنِيْ يُحْبِبْكُمُ اللّٰهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ ۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ
Kaum muslimin jamaah salat Jumat Rahimakumullah.
Pertama lan ingkang paling utami, kawula tansah wasiyat dhateng pribadi kula piyambak lan sumrambah dhumatang para jamaah, mangga kita sami nigkataken iman lan taqwa dhateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun Allah. Mugi-mugi kita slamet lan wilujeng wiwit dunya dumugi benjang ing dinten qiyamat, amin.
وَلْيَخْشَ الَّذِيْنَ لَوْ تَرَكُوْا مِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعٰفًا خَافُوْا عَلَيْهِمْۖ فَلْيَتَّقُوا اللّٰهَ وَلْيَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا
“ Lan becik pada wedia marang Allah, wong-wong kang seumpamane pada ninggalake anak-anak keturunan ing mengkone padha apes-apes, kang dheweke kabeh padha nguatirake anak keturunane (yen ing mengkone anak keturunannya padha urip kejingkrangan). Amarga saka iku becik padha taqwaha dheweke iku marang Allah. Lan becik padha ngucap kelawan tetembungan kang bener”. (QS. Annisa’: 9)
Midherek saking ayat punika, Allah ngimutaken dhumateng kawulanipun supados sami mikiraken dhumateng anak turunipun ing tembe wingkingipun, supados dados tiyang ingkang kiyat, ampun ngantor dados tiyang ingkang asor lan apes.
Midherek Prof. Dr. KH. Didin Hafifhuddin MS, Direktur Pascasarjana Universitas Ibnu Khaldun Bogor, bilih ingkang dipun wastani asor lan apes punika wonten sekawan. Sepindhah asor lan apes ing iman lan aqidahipun, kaping kalih asor lan apes ing ibadahipun, kaping tiga asor lan apes ing ilmunipun, kaping sekawan asor lan apes ing ekonominipun. (https://www.republika.co.id/berita/puick1374/jangan-tinggalkan-generasi-yang-lemah-dalam-4-hal).
Iman dan Aqidah Islam punika ingkang dados sumberipun kekiatan, kenyamanan, ketenangan lan bahagianing gesang. Mila iman lan aqidah ingkang ringkih bakal gampil kenging virus syirik lan munafik. Kanthi iman ingkang kiyat badhe nuwuhaken kayakinan bilih Gusti Allah tansah paring pengayoman dhateng tiyang-tiyang ingkang iman lan taqwa dhateng Allah.
Mila Allah SWT sampun paring pangertosan kanthi tuladhaning Luqmanul Hakim ing dalem paring pendidikan dhateng putranipun:
وَاِذْ قَالَ لُقْمٰنُ لِابْنِهٖ وَهُوَ يَعِظُهٗ يٰبُنَيَّ لَا تُشْرِكْ بِاللّٰهِ ۗاِنَّ الشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيْمٌ
“ Lan nalika Luqman paring dhawuh dhateng putranipun, nalika dheweke nasehati, “He anakku, aja nyekuthokake Allah! Satuhune nyekuthokake (Allah) iku bener-bener kezaliman kang gedhe”. (QS. Luqman: 13)
Kaping kalih ingggih punika lemah ibadahipun. Ibadah punika wujud saking iman. Sempurnaning iman dipun wujudaken kanthi ibadah, lan hakeket dipun ciptakaken manungsa inggih kagem ngibadah. Kanthi punika ibadah kedah dipun tindakaken kanthi istiqomah.
Aqidah kalian ibdah punika kalih perkasis ingkang boten saget dipun pisahaken. Iman badhe tambah kiyat manawi ibadahipun dipun tingkataken, kaleres kuantitas lan kualitasipun. Kuantitas tegesipun nindakaken badah dipun kathah-kathahaken, kados dene nindakaken shalat boten namung shalat gangsal wekda, nanging dipun tingkataken kalian shalat-shalat sunnahipun.
Shalat badhe badhe dados khusuk lan ikhlas menawi shalatipun dipun tambaha kaian shalat sunnahipun. Kathah tiyang ingkang shalatipun namung sekedar guguraken kewajiban, shalat boten khusuk, boten ikhlas mila shalat dereng saget mujudaken kemaslahatan lan kemanfaatan. Allah sampun ngendika:
اُتْلُ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنَ الْكِتٰبِ وَاَقِمِ الصَّلٰوةَۗ اِنَّ الصَّلٰوةَ تَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِ
“Wacanen apa kang wus diwahyuhake marang sira lan tindakna shalat. Satuhune shalat iku nyegah saka (penggawean) keji lan mukar”. (QS. Al Ankabuut: 45)
Kaping tiga inggih punika asor lan ringkih ing perkawis ilmu. Ilmu punika dados margi gampil kangge mujudaken harapan lan maksudipun gesang. Kanthi ilmu gesang punika badhe dados gampil, kanthi agami gesang punika badhe jelas arahipun. Pramila rasul nate ngendika, al ilmu nuur, ilmu punika dados cahyo. Cahyo punika kangge paring padhang. Mila supados umat Islam punika kiat ing perkawis ilmu rasul sampun paring dhawuh: Thabul ilmi faridhatun ‘ala kulli muslimin wamuslimatin. Lan pados ilmu boten wonten waresipun: Uthlubul ilma minal mahdi ilal lahdi.
Kaping sekawan inggih punika asor lan ringkih ing ekonominipun, ekonomi lan pengshasilan punika dados kabetahanipun gesang manungsa. Kathah tiyang ingkang dados murtad amargi ekonominipun asor lan ringkih. Mila supados ekonomipun saget kiat kedah kanthi usaha, ikhtiar lan tawakal dhateng Allah. Allah sampun ngendika:
اِنَّ اللّٰهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتّٰى يُغَيِّرُوْا مَا بِاَنْفُسِهِمْۗ
“Satuhune Allah ora bakal ngrubah kahanane sawijining kaum, kejaba kaum iku kang ngrubah marang awake dhewe”. (QS. Arro’du: 11)
Mila kangge mujudaken anak turun ingkang kiat, kedah dipun siapkaken imanipun, dipun latih ibadahipun, dipun dhawuhi tansah ngudi ilmu lan marginipun pados maisah ingkang halal lan thayyib. Mila sak derengipun bangun bale griya kedah dipun siapaken calon pinenganten kanthi netepi aturanipun pemerintah ingggih UU Nikah no 16 tahun 2019 bilih calon pengantin yuswaipun sampun ngancik 19 tahun.
Yuswa punika ados ukuran dewasanipun calon pengantin, sinaosa boten dados kemutlakan dewasanipun, amargi pendidikan,media lan pergaulan ugi saget dadosaken tiyang punika sampun dewasa tinimbang yuswa ing samesthinipun.
Calon penganting ingkang sampun siap bangun bale griya, ing tentunipun badhe ngasilaken anak turun ingkag kiat imanipun, ibadahipun, ilmunipun lan ekonominipun. Ampun nagntos ngalisalen anak turun ingkang kirang pertumbuhan lan perkembanganipun. Melai lahir dados bayi ingkang boten sehat lan tumbuh kembang dados lare stunting. Naudhubillah min dhalik, mugi kita dipun tebihaken saking perkawis ingkang boten sae.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ