Iman punika hidayah saking Ngarsa Dalem Allah, hidayah iman lan Islam kedah dipun syukuri kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah. Bukti saking iman inggih punika kanthi tumindak amal shalih, kanthi punika tiyang Islam kedah dhemen nindakaken amal shalih.
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ جَعَلَ الْأَخْلاَقَ مِنَ الدِّيْنِ، وأَعْلَى بِهَا شَأْنَ الْمُؤْمِنِيْنَ، اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ: اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن وَقالَ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَكُونُواْ مَعَ الصَّادِقِيْنَ. اِنَّكَ لَا تَهْدِيْ مَنْ اَحْبَبْتَ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚوَهُوَ اَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِيْنَ
Para jemaah shalat Jum’at ingkang kawula hormati.
Pertama lan ingkang paling utami, kawula tansah wasiat khususipun dhateng pribadi kawula piyambak, sumrambah dhumateng panjenengan sedaya, mangga kita tingkataken iman dan taqwa dhumateng Allah SWT, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun. Mugi-mugi kanthi istiqomah, ikhlas lan sabar anggenipun nindakaken dhawuhipun Gusti Allah. Ing salebetipun gesang kita tansah pinaringan kabegjan wiwit dunya dumugi benjang wonten ing alam akhirat, amin.
Para sedherek ingkang kawula hormati.
Allah subhanahu wa ta'ala sampun paring pengendikan wonten ing salebeting Alquran:
وَمَنْ يَّبْتَغِ غَيْرَ الْاِسْلَامِ دِيْنًا فَلَنْ يُّقْبَلَ مِنْهُۚ وَهُوَ فِى الْاٰخِرَةِ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ
“ Sapa wong manut agama sak liyane Islam, mula babar pisan ora bakal tinarima (agama iku) saka dheweke, lan dheweke ing akhirat kalebu golongane wong- wong kang padha rugi”. (QS. Ali Imran: 85)
Ayat punika nedahaken bilih kanthi ngugemi syariat agami Islam, mila sedaya amal saenipun badhe dipun tampi dening Allah. Kosok wangsulipun sinaosa tiyang punika nindakaken amal kesaenan, ananging boten iman dhumateng Allah lan utusanipun, mila amal ibadahipun boten badhe dipun tampi dening Allah. Mila iman ingkang sampun tinancep wonten ing sak lebetipun manah kedah tansah dipun kiyataken. Amargi iman punika badhe goyah kanthi mapinten-pinten pangridu, saget kanthi bandha dunya, pangkat lan jabatan, pakaryan lan gesang bebrayan.
Mila supados hidayah iman lan Islam punika tansah tinancep ing kalbu lan ngrembaka ing amal kesahenan, wonten mapinten-pinten cara:
1. Kita kedah tansah ngudi kaweruh, kanthi nindakaken pengaosan, maos buku-buku lan kitab. Mila kanthi tansah ngudi ilmu punika badhe dados tiyang ingkang wicaksana, boten gampil anggenipun nyacat, nyalahaken tiyang sanes, duka, sungkawa. Tiyang ingkang dhemen ngudi ilmu ing dalem akhlaq lan solah bawanipun badhe andhap ashor, tiyang Jawi mastani kados pantun ingkang sampun mratak. Pantun ingkang sak waunipun dangak, tambah dangu dados tumungkul amargi pantunipun aos. Nanging menawi pantunipun gabuk utawi boten wonten isinipun inggih tansah dangak. Mila Rasulullah Muhammad SAW tansah paring gati dhumateng tiyang Islam supados tansah ngudi kaweruh melai lahir dumugi seda, ninaosa tebih kedah dipun padosi.
2. Tansah nindakaken amal shaleh, mergi iman punika kedah dipun kanteni kalian amal shalih. Amal shalih punika kangge mujudaken raos syukur dhumateng Allah. Amal shalih punika mujudaken saenipun hablun minannas. Kanthi hablun minannas punika mental lan spiritual tiyang Islam badhe dipun uji. Amargi tumindak sae asring boten dipun sunggati kanthi sae, punapa malih tumindak awon. Damel kesahenan boten masthi dipun wales kanthi kesaenan. Mekaten punika amargi Gusti Allah dadosaken manungsa angghadhahi watek lan akhlaq ingkang mawarni-warni.
3. Dipun rutinaken maos Alquran, mergi Alquran sinaosa namung dipun waos, badhe nuwuhaken raos ayem lan tentrem:
وَنُنَزِّلُ مِنَ الْقُرْاٰنِ مَا هُوَ شِفَاۤءٌ وَّرَحْمَةٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَۙ وَلَا يَزِيْدُ الظّٰلِمِيْنَ اِلَّا خَسَارًا
“Lan Ingsun (Allah) turunake saka Alquran sawiji-wiji kang hiya iku tamba (lara sasar) lan hiya rupa rahmat tumrap wong-wong kang padha iman lan Alquran iku ora isa nambahi marang wong-wong dzalim kajaba mung karugen”. (QS. Al Isra’: 82)
Kejawi saking punika maos utawi mirengaken Alquran ugi badhe dipun paring ganjaran dening Allah, dipun etang saking saben hurufipun malah badhe dipun tikelaken.
4. Dipun kathah-kathahaken anggenipun nindakaken ibadah sunnah sak sampunipun ibadah fardhu dipun tindakaken. Contonipun shalat sunnah, puasa sunnah ingkang kathah warninipun, infaq lan shadaqah ingkang kathah marginipun, shilaturahmi lan senesipun. Kalebet ibadah maghdhah lan ghairu maghdhaipun tansah dipun tindakaken kanthi sesarengan.
5. Dhemen nindaki majelis dzikir, jalaran ing saben wekdal para malaikat keliling ing lumahing bumi madosi tiyang-tiyang ingkang sami ninfakaken majis dzikir:
إنَّ لِلَّهِ تَعَالَى مَلَائِكَةً يَطُوْفُوْنَ فِي الطُّرُقِ يلْتَمِسُوْنَ أَهْلَ الذِّكْرِ، فَإِذَا وَجَدُوْا قَوْماً يَذْكُرُوْنَ اللهَ عَزَّ وَجَلَّ تَنَادَوْا: هَلُمُّواْ إلَى حَاجَتِكُمْ
“Satuhune Allah Ta’ala dhuweni malaikat kang tansah mubeng-mubeng ing dalan-dalan goleki majlis dzikir, lamun wis nemu mula undang-undang marang kancane, mreneha mula bakal teka hajatira”. (HR. Buchari Muslim)
6. Mikir lan gatosaken saking ayat-ayat Allah arupi alam semesta punika:
اَللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِۗ مَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا شَفِيْعٍۗ اَفَلَا تَتَذَكَّرُوْنَ
“Gusti Allah kang nitahake langit lan bumi lan apa kang ana ing antarane langit lan bumi, ana ing sajrone nem dina, tumuli Panjenengane nguwasani ngarasy. Ora ana tumrap sira kabeh sak liyane Panjenengane sawijiene pawongan kang dadi kekasih, lan (uga) ora ana sawijine pawongan kang maringi syapangat. Mula apatoh sira kabeh ora padha migatekake ?” (QS. Assajdah: 4)
7. Dhemen kumpul lan srawung kalian tiyang shalih, mila tiyang shalih punika badhe paring gati lan piwulang dhateng margi ingkang sae lan leres. Dhemen nindakaken kabecikan lan nilar dhateng perkawis ingkang awon lan sasar.
8. Ngathah-ngathahaken maos tahlil:
جَدِّدُواْ اِيْمَانَكُمْ, قِيْلَ يَارَسُوْلَ اللهِ وَكَيْفَ نُجَدِّدُواْ اِيْمَانَنَا قَالَ اَكْثِرُواْ مِنْ قَوْلِ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ
“Anyar-anyarna iman sira kabeh, sahabat matur kados pundi anggen kita dandosi iman kita? Rasul ngendika akeh-akena pada maca la ilaha illallah”. (HR. Ahmad lan Hakim)
Para sedherek, kaum muslimin ingkang kawula hormati.
Iman punika ing salah satunggaling wekdal kraos kiyat lan ing wekdal sanes kraos kendor, mekaten punika ketingal saking amal ibadahipun. Pramila supados tansah kiyat kedah dipun uri-uri kanthi ikhlas, sabar lan istiqomah nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah SWT. Mugi-mugi Allah tansah paring kekiatan lan kesempatan dhateng kita sedaya, amin.
أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ , وَالْعَصْرِۙ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَفِيْ خُسْرٍۙ اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ ەۙ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ ࣖ وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ