4/23/2021

Tanda-Tanda Ibadah Dipun Tampi Dening Allah-Khutbah Jum'at

Ibadah punika salah satunggalipun tugas manungsa, ibadah punika dhawuhipun Allah, kanthi ngibadah gesang manungsa badhe pikantuk kamulyan wiwit dunya dumugi alam akhirat. Kanthi punika kados pundi supados ibadah ingkang dipun tindakaken selaras kalian dhawuhipun Gusti Allah, tentunipun kedah netepi syari’atipun Allah.

ุงَู„ْุญَู…ْุฏُ ู„ِู„َّู‡ِ ุฌَุนَู„َ ุฃَูŠَّุงู…َ ุงู„ْุฃَุนْูŠَุงุฏِ ุถِูŠَุงูَุฉً ู„ِุนِุจَุงุฏِู‡ِ ุงู„ุตَّุงู„ِุญِูŠْู†َ ูˆَุฌَุนَู„َ ูِู‰ ู‚ُู„ُูˆْุจِ ุงู„ْู…ُุณْู„ِู…ِูŠْู†َ ุจَู‡ْุฌَุฉً ูˆَุณُุฑُูˆْุฑًุง. ุฃَุดْู‡َุฏُ ุฃَู†ْ ู„ุงَ ุฅِู„َู‡َ ุฅِู„ุงَّ ุงู„ู„ู‡ُ ูˆَุญْุฏَู‡ُ ู„ุงَ ุดَุฑِูŠูƒَ ู„َู‡ُ، ูˆَุฃَุดْู‡َุฏُ َุฃَู†َّ ู…ُุญَู…َّุฏุงً ุนَุจْุฏُู‡ُ ูˆَุฑَุณُูˆู„ُู‡ُ، ุงَู„ู„َّู‡ُู…َّ ุตَู„ِّู‰ ูˆَุณَู„ِّู…ْ ูˆَุจَุงุฑِูƒْ ุนَู„َู‰ุณَูŠِّุฏِู†َุง ู…ُุญَู…َّุฏٍ ูˆَ ุนَู„َู‰ ุขู„ِู‡ِ ูˆَุตَุญْุจِู‡ِ ูˆَู…َู†ْ ุชَุจِุนَู‡ُ ุจِุงِุญْุณَุงู†ٍ ุงِู„َู‰ ูŠَูˆْู…ِ ุงู„ุฏِّูŠْู†ِ. ุงุฃَู…َّุง ุจَุนْุฏُ: ูَูŠَุงุฃَูŠُّู‡َุงุงู„ู†َّุงุณُ, ูَุฃُูˆِุตْูŠูƒُู…ْ ูˆَุงِูŠَّุงู‰َ ุจِุชَู‚ْูˆَู‰ ุงู„ู„ู‡ِ ูˆَุทَุงุนَุชِู‡ِ ู„َุนَู„َّูƒُู…ْ ุชُูْู„ِุญُูˆْู†َ . ูŠَุงุฃَูŠّู‡َุง ุงู„ّุฐِูŠْู†َ ุขู…َู†ُูˆْุง ุงุชّู‚ُูˆุง ุงู„ู„ู‡َ ูˆَู‚ُูˆْู„ُูˆْุง ู‚َูˆْู„ุงً ุณَุฏِูŠْุฏًุง ูŠُุตْู„ِุญْ ู„َูƒُู…ْ ุฃَุนْู…َุงู„َูƒُู…ْ ูˆَูŠَุบْูِุฑْู„َูƒُู…ْ ุฐُู†ُูˆْุจَูƒُู…ْ ูˆَู…َู†ْ ูŠُุทِุนِ ุงู„ู„ู‡َ ูˆَุฑَุณُูˆْู„َู‡ُ ูَู‚َุฏْ ูَุงุฒَ ูَูˆْุฒًุง ุนَุธِูŠْู…ًุง 

 

Kaum muslimin Jema’ah shalat Jumat Rahimakumullah 

 

Pertama Lan ingkang yang paling utami khatib tansah wasiyat khususipun dhateng pribadi kawula piyambak lan sumrambah dhumateng panjenengan sedaya, mangga sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar menopo kemawon ingkang dados awisanipun Allah. Mugi-mugi kita tansah dipun paringi taufik, hidayah dan inayah saking Ngarsa Dalem Allah sehingga saget dados tiyang ingkang slamet, wilujeng wiwit dunya dumugi alam akhirat samangke. Kaum muslimin Jema’ah shalat Jumat Rahimakumullah. Allah subhanahu wa ta'ala sampun ngendika:

“Lan Ingsun (Allah) ora dadekake jin lan manungsa ananging supaya pada nyembah maring Ingsun (Allah)”. (QS. Adz-dzariyat: 56) 

 

Wonten ayat punika Allah subhanahu wa ta'ala nedahaken bilih Allah dadosaken jin lan menungsa supados nyembah utawi ngibadah dhumateng Allah, kanthi nindakaken dhawuh- dhawuhipun Gusti Allah nilar lan nebihi sedaya awisanipun. Ngibadah punika kedah mawi aturan utawi syariat Islam. Kanthi syari’at utawi aturan insya-Allah ibadah ingkang kita tindakaken dipun tampi dening Allah subhanahu wa ta'ala, paling boten syarat dan rukunipun kedah dipun kanteni kalian ibadah rohani. 

 

Syarat dan rukun punika perkawis ingkang ketingal, ananging menawi syarat ingkang sifatipun rohani punika boten ketingal. Amargi shalat kanthi rohani punika tegesipun ibadah ingkang dipun tindakaken kanthi khusuk. Ing wulan Ramadhan pas sanget kagem nindakaken muhasabah utawi kita ngitung-ngitung dhateng pribadi kita piyambak-piyambak, punapa sak dangunipun gesang sampun kathah anggenipun nindakaken ibadah napa kathah maksiyatipun, punapa pakerti kita sampun dhatengaken kemaslahatan dan amal shalih, Allah ngendika wonten Alquran surat Al Ashr:

“Demi wektu, satuhune manungsa bener-benar ana ing kapitunan, kejaba wong-wong kang padha iman lan nindakake amal shalih, lan nasihat-winasihatan supayane naati kabeneran lan wasiyat- winasiyatan supaya netepi kesabaran”. (QS. Al Ashr: 1-3) 

 

Kaum muslimin Jema’ah shalat Jumat Rahimakumullah 

 

Allah subhanahu wa ta'ala sumpah kanthi wekdal, bilih sedaya manungsa punika wonten ing dalem kapitunan, kejawi tiyang-tiyang ingkang iman lan nindakaken kebagusan. Jalaran iman mawon dereng cekap kejawi dipun kanteni kalian amal sholeh. Wujud saking amal shalih inggih punika nindakaken rukun Islam ingkang cacahipun wonten gangsal, inggih punika syahadat, shalat, zakat, puasa lan haji. Sak sampunipun ngikraraken kalimat syahadatain dipun jumbuhaken kanthi nindakaken shalat gangsal wekdal. 

 

Shalat punika minangka bakti kita dhatang Gusti Allah, ugi saget minangka wujud raos syukur dhateng Allah subhanahu wa ta'ala. Shalat kedah dipun tindakaken kanthi istiqomah. Sak terasipun sasampunipun kita iman lan nindakaken amal shalih kita dipun dhawuhi supados tansah wasiat-winasiatan ing perkawis haq lan tumindak sabar. Mekaten punika syarat ingkang dipun paringaken Allah dhateng kita supados dados tiyang ingkang beja, wiwit saking dunya dumugi alam akhirat. 

 

Ananging kamulyan ing dunya lan akhirat benjang gumantung kalian amal ibadahipun, dipun tampi dening Allah punapa dipun tolak. Minangka damel pepenget wonten mapinten-pinten tanda amal ibadah ingkang dipun tampi: Sepindah ibadah punika badhe dhatengaken manfaat khusus dhateng pribadinipun piyambak lan tiyang sanes. Rasulullah Muhammad SAW ngendika:

 

 ุฎَูŠْุฑُ ุงู„ู†َّุงุณِ ุฃَู†ْูَุนَู‡ُู…ْ ู„ِู„ู†َّุงุณِ (ุฑูˆุงู‡ ุงุญู…ุฏ) 

 

“Sak bagus-baguse wong yaiku kang migunani marang wong liya”. (HR. Ahmad) 

 

Kaping kalih ibadah punika badhe dadosake roas ketagihan utawi kepingin ngambal-ngambali malih. Kados ibadah shalat ingkang kita tindakaken sinaosa sampun dipun tindakaken yektos kepingin dipun ambali malih. Semanten ugi ibadah puasa, zakat lan haji. 

 

Kaping tiga ibadah ingkang dipun tampi Gusti Allah Inggih punika ibadah ingkang saged nuwuhaken raos ikhlas. Ikhlas punika salah setunggalipun ibadah ingkang dipun tampi dening Gusti Allah. Kanti ikhlas menungsa boten ngitung-itung jumlahipun ngibadah, kanthi ikhlas menungsa boten ngitung-ngitung amal ingkang dipun tindakaken, kanti ikhlas menungsa boten dados ageng ing raos, nalika dipun lembana lan boten serik nalika dipun kritik utawi dipun cacat. Amargi ibadahipun namung kagem Allah. Semanten ugi tiyang ingkang ikhlas tansah yaqin dhateng Gusti Allah, bilih Allah punika tansah pirsa dhateng sedaya tindak lampah kita, sinaosa boten saget mirsani Gusti Allah, nanging tansah yaqin bilih Allah tansah pirsa dhateng piyambakipun. 

 

Mekaten punika ing antawisipun tanda-tanda ibadah ingkang dipun tampi dening Allah. Mugi-mugi Allah tansah paring kekiatan, kesadaran, kemampuan nindakakeh dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar awisanipun sahingga saget slamet, wilujeng ing dunya lan akhirat sak mangke. Amin ya Rabbal ‘alamin.

 

 ุจَุงุฑَูƒَ ุงู„ู„ู‡ُ ู„ِูŠْ ูˆَู„َูƒُู…ْ ูِูŠ ุงู„ْู‚ُุฑْุขู†ِ ุงู„ْุนَุธِูŠْู…ِ، ูˆَู†َูَุนَู†ِูŠْ ูˆَุฅِูŠَّุงูƒُู…ْ ุจِู…َุง ูِูŠْู‡ِ ู…ِู†َ ุงْู„ุขูŠَุงุชِ ูˆَุงู„ุฐِّูƒْุฑِ ุงู„ْุญَูƒِูŠْู…ِ. ุฃَู‚ُูˆْู„ُ ู‚َูˆْู„ِูŠْ ู‡َุฐَุง ูˆَุฃَุณْุชَุบْูِุฑُ ุงู„ู„ู‡َ ู„ِูŠْ ูˆَู„َูƒُู…ْ ูˆَู„ِู„ْู…ُุณْู„ِู…ِูŠْู†َ ูَุงุณْุชَุบْูِุฑُูˆْู‡ُ ุฅِู†َّู‡ُ ู‡ُูˆَ ุงู„ْุบَูُูˆْุฑُ ุงู„ุฑَّุญِูŠْู…ُ