2/16/2021

Musibah lan Bencana kagem Tadzkirah lan Muhasabah

Musibah lan bencana punika sampun dados Sunnatullah, selaginipun tasih wonten alam dunya mesthi tasih wonten musibah lan bencana. Manungga namung saget nyingkiri namung boten saget mutusaken. Manungsa namung saget usaha lan ikhtiar Gasti Allah ingkang mutusaken. Manungsa kepingin tansah nampi kesahenan, kanthi punika manungsa tansah manuwun dhumateng Gusti Allah supados dipun paringi beja lan mulya ing alam donya punika, tebih saking balak, musibah lan bencana.

اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بنِعْمَةَ اْلِإيْمَانِ وَاْلإِسْلَامِ وَاْلِاسْتِقْلَالِ أَوِاْلحُرِّيَّةِ، وَأَفْهَمَنَا مِنْ عُلُوْمِ الدِّيْنِ وَاْلعَقِيْدَةِ، وَبَيَّنَ لَنَا وَأَرْشَدَنَا اْلأَخْلَاقَ الْكَرِيْمَةَ وَاْلأَعْمَالَ الصَّالِحَةَ,أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ شَافِعُ اْلأُمَّةِ وَخَيْرُ اْلبَرِيَّةِ, اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصَّالِحَاتِ وَيَجْتَنِبُوْنَ اْلَمنْهِيَّاتِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ 

 

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah 

Boten wonten wasiat ingkang paling utami kejawi wasiat iman lan taqwa dhateng Allah, mila ing mimbar khutbah punika kawula paring pemut dhateng penjenengan sedaya, mangga kita sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah. Inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun, mugi Allah tansah paring pitedah, kekiatan lan kesadaran dhateng kita sedaya, amin. 

 

Manungsa dipun ciptakaken dening Allah, sampun dipun cekapi kalian raos bingah lan susah. Menawi sawek nampi kenikmatan saking Ngarsa Dalem Allah badhe tuwuh raos bingah, kosok wangsulipun menawi sawek nampi balak, musibah, bencana, dipun suda bandha, nyawa, putra lan sanesipun badhe tuwuh raos susah. Bungah, susah, musibah lan bencana punika sampun dados Sunnatullah. Allah badhe ngambali malih kawontenan ingkang sampun nate kedadosan ing wekdal ingkang sampun kapengker badhe dipun paringaken dhateng makhlukipun Allah ing wekdal sapunika lan wekdal ingkang badhe dhateng. 

 

Musibah banjir, siti gugruk ing tahun ingkang sampun kapengker sampun asring kedadosan, ing tahun punika khususipun ing wekdal rendheng sampun kathah wilayah ingkang banjir, siti gugruk sahingga nuwuhaken raos susah. Musibah ing wayah jawah arupi banjir, siti gugruk, lisus. Manawi ing wekdal panas boten wonten jawah musibahipun arupi kobongan wana lan hutan. Ing wulan punika wonten musibah malih inggih punika dhawahipun pesawat Sriwijaya Air. Musibah arupi pandemi Covid-19 dereng sirna dipun tambah kalian musibah lan bencana sanesipun. 

 

Kanthi mekaten sampun sak mesthinipun menawi kita sami muhasabah, niti-niti dhateng awakipun piyambak. Dosa lan kalepatan punapa ingkang sampun kita tindakaken. Wontenipun dhawuhipun Allah punapa sampun dipun tindakaken kanthi saestu, semanten ugi wontenipun awisanipun Allah punapa sampun dipun hindari. Kejawi kita gatosaken sebab-sebab saking alam ugi kita gatosaken perkawis spiritual, inggih punika kanthi ningkataken anggenipun ngibadah. Donga mawon dereng cekap, kejawi dipun kantheni kalian nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar awisanipun. Lan nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah inggih dereng cekap, kejawi dipun tingkataken kualitas lan kuantitasipun. 

 

Kuantitas ateges kathahipun anggenipun nindakaken ibadah, contonipun, nalika nindakaken shalat gangsal wekdal. Shalat punika kuwajiban ingkang kedah dipun tindakaken. Kejawi wonten ibadah wajib inggih wonten ibadah sunnah. Kados shalat sunnah rawatib, shalat dhuha, hajat, tahajjud, istikharah lan shalat-shalat sunnah sanesipun prayogi dipun tindakaken. Jalaran sedaya dhawuhipun Allah lan rasulipun mesthi wonten hikmahipun. 

 

Saking kathahipun nindakaken ibadah sak mangke badhe mujudaken kualitas shalat, tegesipun ngibadah kanthi ikhlas, istiqomah, khusuk, khudhuk. Ibadah kejawi dipun landasi kalian nyekapi syarat lan rukunipun, ugi kedah dipun tindakaken kanthi ikhlas lan sadar. Sampurnaning ngibadah saget nyaketaken kasembadanipun doa, amargi Gusti Allah dhemen kalian tiyang ingkang tansah ngresiki dhateng awak lan pakertinipun. Pokal lan solahbawa kang boten sae dipun gantos kalian tumindak lan akhlaq ingkang bagus. Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah Musibah banjir lan siti gugruk menawi dipun gatosaken amargi akibat saking pokalipun manungsa, Allah SWT sampun paring pirsa: 


 

“Wis pratela (anane) kerusakan ing daratan lan segara di sebabake kerana tumindake tangan-tangan manungsa, kerana Allah ngicipake marang dheweke kabeh saperangan saka (akibat) dheweke kabeh, supaya dheweke kabeh padha bali (tumuju dalan kang bener). (QS. Arrum. 41)

 

Wonten ayat Alquran punika sampun pratela nyata bilih amargi pokalipun manungsa ingkang damel rusak dhateng alam, sahingga akibatipun Allah paring mapinten-pinten balak, musibah lan bencana. Allah paring pemut supados sami kondur malih dhateng margi ingkang leres. Allah sampun ngendika wonten Alquran surat Al A’rof ayat 168:


 

“Lan Ingsun coba dheweke mau kelawan  (nikmat) kang bagus-bagus lan (balak) kang ala-ala, supaya dheweke padha bali (marang kang bener)”.  

 

Kanthi legal an jembaring manah, mangga kita gatosaken musibah lan bencana saking pokalipun manungsa punika:

  1. Musibah banjir punika dipun sebabaken mampetipun dalaning toya lan ugi boten wonten panggenan kagem nyedot toya. Dalaning toya, got lan saluran sami mampet amargi kesumpelan kalian sampah. Kathah sampah sami nyumpeli dalaning toya. Mekaten punika amargi kathah para manungsa sami bucal sampah wonten kali lan got, sahingga menawi pas jawah boten wonten margi kangge milinipun toya. 
  2. Siti gugruk punika amargi tanemanipun dipun potong lan sabin lan tegal boten dipun tanemi malih, ngagem taneman ageng ingkang saget nyangga siti lan toya. Perengan lan tebing boten wonten paku buminipun, sahingga siti gampil gugruk. 
  3. Nalika ing wayah ketiga utawi panas wonten kobangan wana lan tegal, amargi sumberipun toya sami pejah  sahingga taneman sami mati, lan dados garing sahingga gampil kobongan, lan musibah-musibah sanesipun.

 

Kaum muslimin Jemaah Jum’ah Rahimakumullah

Musibah-musibah ingkang sampun kadosan punika dipun ambali malih, malah saget ugi langkung ageng lan gegirisi. Pramila kedahipun sedaya tiyang sami gatosaken lan ngrubah adat kebiasaan ingkang boten sae punika. Kanthi sami eling-tiniling nindakaken kebagusan lan nilar pedamelan awon. Kebiasaan bucal sampah ing kali punika dipun hindari, inggih punika kanthi gunakaken panggenan kagem bucal sampah, lan ugi ngawontenaken panggenan bucal sampah kanthi mandiri. Amargi sampah punika salah setunggalipun masalah, menawi boten dipun gatosaken kanthi saetu badhe nuwuhaken musibah ingkang langkung ageng.

 

Pemerintah sampun paring pirsa bilih kedahipun dipun pisah antawis sampah plastik kalian sampah organik. Sampah plastik saget dipun obong utawi dipun daur ulang, menawi sampah organik saget dipun kempalaken kagem pupuk, sahingga taneman saget subur. Ananging menawi sampah plastik, wesi, logam, kaca punika dipun campur kalian sampah organic badhe dados masalah, panggenan kagem bucal sampah boten cekap lan sitinipun dados gethak. Menawi sampah-sampah punika dipun bucal wonten lepen, kejawi dadosaken mampetipun lepen lan banjir ugi ulamipun sami pejah. Cobi menawi kita konduraken ing wekdal 50 tahun kapengker, ing lepen kathah ulamipun, toyanipun tasih seger sahingga toya lepen saget kagem sesuci.

Kanthi punika, kedahipun saben-seben tiyang sami nanemaken kedisiplinan, bucal sampah ing panggenanipun, ngulinakaken misahaken sampah organik kalian anorganik. Lan kita usahaken mikiraken kesehatan lan kemaslahatan generasi lan putra wayah ingkang badhe dhateng. Mugi-mugi musibah, bencana lan balak punika enggal tingkas lan saget dados pepeling kagem kita sedaya supados tansah ningkataken iman lan taqwa saha amal shalih, amin.

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ