Sawijining dina ana salah sawijine pawongan kang lagi lara untu, wong iku saben dina anane mung glirih lan kreangan wae. Sahingga akih wong kang pada takon, kae kenangapa kok glirih wae, nalika wong iku lagi glirih, ana maning kang takon kae kenangapa kok kreangan wae. Banjur keluargane njawab, kae, untune agek lara.
Sak wuse nggenahake suara wong kang glirih lan kreangan iku merga untune lara, banjur ana pawongan kang maido “ untu kok lara, untu kui rak balung lan balung kuwi atos kaya watu, ora mungkin bisa lara”. Lara untu kui pancen ora kaya lara-lara liyane, senajan lara, ora ana wong kang tilik. Beda karo wong lara weteng, sirah, lara merga tiba, wong wadon kang babaran lan liyane akih wong kang padha tilik. Nanging lamun lara untu senajan pol larane ora ana wong kang tilik. Padahal lara untu kuwi pol larane, kanggo mangan ora enak, ngumbe ya ora enak, gawe turu ya ora bisa merem. Gawe ngapa wae ora kepenak, malah dadi sarwa salah kabeh.
Mila mengkana wong maido marang wong kang lagi lara untu kuwi, sajatine durung ngrasake lara untu. Maido iku mergane nduwèni pemikiran lamun untu kuwi balung, lan balung iku atos kaya watu, sahingga ora mungkin bisa lara. Mengkana iku mergane pangertiane manungsa iku igin sethithik lan ora tau sinau. Merga kang sak nyatane ning jero untu iku ana urat urat syarafe, getihe, lan sak njerone untu kuwi ana barang kang amoh sahingga gampang kena kruma.
Untu kuwi senajan atos ya bisa rusak, rusaking untu iku merga ora tau dijaga, ora tau disikati, sahingga nalika ana panganan utawa wedang legi kraket nang untu lan ora diresiki, suwe-suwe dadekake untu kui dadi kuning. Sak wuse kuning suwe-suwe malih dadi ireng, banjur dadi kerak, yaiku kotoran kang kraket ning untu, disikati ora bisa ilang, isane ilang kudu digrenda, nganggo alat-alat seka dokter untu. Kerak iku dadi panggonane kruma kang terus ngunjek nang untu sahingga utune dadi krowok, la seka krowokan kuwi terus kelebon panganan banjur untune dadi bosok. Suwe-suwe untune entek mung gari tunggake wae. Wujud untu wis ora putih, nanging wujude dadi ireng, banjur krumane ngunjek mlebu nang untu tekan oyote untu mula banjur dadi lara.
Ing jaman sak mono kui wong kang maido marang wong kang lara untu, amarga wong kuwi untune ora tau dijaga, ora tau diresiki, lan ora tau sikatan sahingga untune dadi lara uga. Banjur agek wae ngrasakake lan ngerti, lamun untu kuwi balung lan atos kaya watu ya tetep wae bisa lara. Sahingga gentian maune maido wong lara untu saiki ngrasake dhewe. Saben dina glirih lan kreangan wae, kanggo mangan, ngumbe ora kepenak, apa maning nak krungu wong pada cerita apa guyonan dadi mangkel. Muga-muga wae wong kang maido marang pawongan kang nembe lara untu, dingapura dosane dening Gusti Allah. Dheweke maida amarga durung ngerti.
Sebabe maido
Maido iku salah sawijining pakerti kang ora bagus, wong maido kuwi merga ngerteni kahanan kang ora sak mestine, bisa uga ngerteni tumindake wong liya kang dadekake cilaka, banjur maido utawa nyalahake. Wong kang di salahake ora kumudu wong kuwi tumindake salah, ananging bisa uga wus ngerti ana wong tumindak bagus nanging ijih disalahake. Mila agama Islam paring pitutur lamun kita diprintahake “watawa shoubil haqqi watawa shoubish-shobri“ lan pada wasiat winasitan ing penggawe bagus lan sabar (QS. Al Ashr: 3), lan uga “wata’awanu ‘alal biiri wattaqqwa wala ta’awnu ‘alal itsmi wal ‘udwan” sami tulung- tinulung ing perkara kang bagus lan taqwa lan aja tulung tilunung ing perkara dosa lan memungsuhan”. (QS. Al Maidah: 2)
Agama uwis aweh pitutur kang bagus, sapa wonge nindakake pitutur yekti bakal dadi wong kang beja wiwit dunya tekan sisuk ing alam akhirat. lan sapa wonge ninggal pitutur kang bagus lan malah nglakoni larangane Gusti Allah mesthi bakal dadi wong kang cilaka. Lamun ora nemoni cilaka ing dunya mesthi bakal nampa siksa ing dina Qiyamat , sesuk bakal dilebokake ing neraka. Mula agama iku pitutur, nanging gari gelem apa ora ngaloni pitutur. Kabeh mau gumantung marang awake dhewe.
Maido kuwi penggawe kansemanag gampang, nanging durung mesthi bisa nglakoni gawe wong-wong kang seneng maido iku. Semana uga nyalahake marang wong liya iku uga gawean kang gampang. Nanging maido lan nyalahake iku sajatine penggawe kang ora bagus. Mula suoayane dadi wong kang bagus, sak durunge maido utawa nyalahake marang wong liya dipikir-pikir dingin, kira-kira nak tumeka ing awake kira-kira trima apa ora nak disalahake utawa dipaido. Keprige rasane wong dipaido, keprige rasane wong disalahake. Nek bisa mikir kaya mengkana iku tegese wus dadi wong kang ngati-ati ing dalem ucapan lan penggawean. Insya-Allah bakal dadi wong kang beja ing dalem dunya lan akhirat.