10/29/2013

Mengeti Hari Pahlawan 10 November 2013


Para Pahlawan sampun berjuang mujudaken kamardikaning negari Indonesia, 350 tahun bangsa Indonesia dipun jajah dening Walandi lan Jepang. Perjuangan para pahlawan kalian para warga masyarakat wonten peperangan ageng inggih punika pertempuran ing kitha Surabaya. Kathah para syuhada' ingkang sami gugur, jalaran senjata ingkang boten lengkap dipun adhepaken kalian senjata bren lan tank tentara Inggris.
Pertempuran ing kitha Surabaya punika saterasipun dipun pengeti kalian Peringatan Hari Pahlawan ing tanggal 10 November. Kanthi mekaten kangge paring pemut dhateng kita sedaya, saterasipun kita aturaken mawi seratan khutbah Jum'at:


أَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِى لَا اِلٰهَ اِلَّاهُوَ رَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيْمِ, أَحْمَدُهُ وَأَتُوْبُ اِلَيْهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ اَلْوَاحِدُ الَمَنَّانُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mangga kita sedaya sami ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha nebihi sedaya awisanipun Allah. Jalaran Allah sampun paring petedah kasebat ing dalem Alquran perkawis ingkang sae lan awon, lepat lan leres, dhawuh lan awisan. Sahingga menawi kita tansah ngugemi dhateng Alquran lan hadist nabi Muhammad SAW insya-Allah kita badhe kelebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang badhe dipun mulyakaken dening Allah SWT. Napa malih ing swasana kamardikan punika, pemerintah tansah paring hak lan perlindungan kagem sedaya masyarakat nindakaken agaminipun piyambak-piyambak.
Menawi kita konduraken dhateng sejarah nasional Indonesia bilih kamardikan punika amargi saking perjuanganipun para pahlawan ingkang sampun ikhlas ngurbanaken bandha, raga lan nyawanipun kagem mujudaken kamardikan. Malah sasampunipun kamardikan ing tanggal 17 Agustus 1945, pemerintah hindia Belanda boten ngakeni kamardikan punika, ing mangka sasampunipun negari Indonesia merdeka ing pundi papan lan panggenan dipun kibaraken bendera merah putih, nanging ing tanggal 18 September 1945 ing hotel Yamato Tunjungan Surabaya dipun kibaraken bendera merah putih biru. Kanthi semangat nasionalisme lan patriotisme para pejuang minggah ing hotel tumunten nurunaken bendera lajeng warna biru dipun sobek. Pamerintah walandi boten trima, sahingga kanthi lantaran pemerintahan sekutu inggih punika Inggris, ing tanggal 10 November 1945 kota Surabaya dipun gempur kanthi peralatan perang ingkang canggih. Pertempuran ageng antawis Inggris lan para pejuang arek-arek Surabaya. Pertempuran ingkang dipun ukur namung tigang dinten nanging ngantos tigang minggu, Surabaya nembe saget dipun taklukaken dening Inggris, mekaten punika amargi raos persatuan lan kesatuan saha tekad ingkang kiat saking sedaya masyarakat.
Pertempuran ingkang boten seimbang, antawis negari ingkang nembe mawon uwal saking penjajahan Walandi lan Jepang, boten ghadahi persenjataan ingkang lengkap, namun modal senjata rampasan saking para tentara Jepang lan bambu runcing, nglawan kalian bren, tank, pesawat lan kapal tempur sarta 30.000 pasukan invantri. Sahingga wekdal semanten antawis 6.000-16.000 pejuang saking Indonesia gugur lan 200.000 rakyat sipil mengungsi saking Surabaya. Korban dari pasukan Inggris dan India kira-kira sejumlah 600-2000 tentara. Margi saking kathahipun para pejuang ingkang gugur sahingga ing tanggal 10 November dipun tetepaken dados hari Pahlawan.

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Negari Indonesia ingkang sampun ngikraraken kamardikan, nanging pemerintah Hindia Belanda boten ngakeni kamardikan punika sahingga kepingin jajah negari Indonesia malih, mekaten punika sampun jelas bilih negari Indonesia satemah negari ingkang makmur, gemar ripah loh jinawi. Sumber daya alamipun melimpah, ing darat, laut lan ing sak lebetipun bumi ananging dereng saget dipun manfataken kanthi maksimal. Kabukten bilih kathah para warga negari Indonesia ingkang pados ma’isyah ing manca negari dados TKW utawi TKI.
Manfaataken sumber daya alam punika dados tanggel jawabipun sedaya warga negari Indonesia, amargi manungsa sampun dipun paringi anugerah arupi panca indra, akal ingkang sami. Kanthi punika sadaya unsur masyarakat kaleres para eksekutif, legislatif prayoginipun sami bersatu, bahu membahu, sami mujudaken kejujuran lan keadilan. Sahingga sedaya kekayaan negari dipun ginakaken kagem kemakmuran masyarakat, sanes kagem kepentingan pribadi utawi golonganipun piyambak. Jalaran sampun jelas bilih pertempuran lan perlawanan para pahlawan lan syuhadak punika dipun landasi kalian keikhlasan, bersatu kita teguh bercerai kita runtuh, merdeka utawi mati. Allah SWT sampun ngendika:

Lan padha cecekelana sira kabeh marang tali (agamane) Allah, lan aja nganti sira kabeh padha prenca-prenca, lan padha ngelingana sira kabeh marang nikmate Allah kang wis kaparingake marang sira kabeh rikala sira kabeh biyen (zaman jahiliyah) pada musuh-musuhan, mula Allah (banjur) nglulutake antarane atinira, banjur merga nikmate Allah sira kabeh pada dadi wong kang padha paseduluran”. (QS. Ali Imran: 103)
Saking ayat Alquran punika saget kita pendhet hikmahipun bilih nalika ing zaman penjajahan, ing antawis kabilah sami perang piyambak-piyambak nglawaan dumateng penjajah, malah mergi saking pinteripun penjajah perlawan saking kabilah punika dipun adu. Nanging akhiripun mangertos sahingga thukul semangat nasionalisme. Akhiripun para kabilah manunggal sareng-sareng nglawan dhateng para penjajah. Pramila sak sampunipun merdeka raos persatuan punika kedah kita tanemaken kanthi semangat pesedherekan. Rasulullah SAW ngendika:

وَعَنْ عَائِشَةَ رَضِيَ اللهُ عَنْهَا قَالَتْ : سَمِعْتُ رَسُوْلَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وسَلَّمَ يَقُوْلُ فِيْ بَيْتِيْ هٰذَا : " اَللّٰهُمَّ مَنْ وَلِيَ مِنْ أَمْرِ أُمَّتِيْ شَيْئاً فَشَقَّ عَلَيْهِمْ فَاشْقُقْ عَلَيْهِ ، وَمَنْ وَلِيَ مِنْ أَمْرِ أُمَّتِيْ شَيْئاً فَرَفَقَ بِهِمْ فَارْفُقْ بِهِ " رواه مسلم .
“ Saking Aisyah Radhiyallahu 'anha, ngendika: "Aku krungu Rasulullah SAW ngendika ing umahku: dhuh Gusti Allah, sinten tiyangipun ingkang nguwaosi perkawis pamerintahan umat kawula, muli damel kasengsaran dhateng panjenenganipun, mila paringana kasengsaran dhumateng tiyang punika, menawi piyambakipun nguwaosi sawijining urusan pamerintah umat kawula, nuli buktikaken welas asih dhateng panjenenganipun, ing dalem pengandikan utawi pakaryanipun, mila mugi paring welas asih dhateng tiyang punika”. (HR. Riwayat Muslim)

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Sapunika dados jejibahan kita supados manfataken sumber daya alam kangge kemakmuran masyarakat supados negari Indonesia dados negari ingkang majeng, dipun hurmati dening manca negari, amargi majeng ing pendidikan, seni, budaya, olah raga, pertahanan keamanan, ekonomi lan sosialipun. Negari Indonesia dados negari ingkang mandiri. Kathahipun tumindak korupsi, perampokan, paten-pinaten lan teror ing sesami warga negari kedah dipun icalaken. Sesami warga negari kedah kita kembangaken raos welas asih, tulung-tinulung, mong- tinemong, wasiat-winasiatan ing perkawis kesaenan.
Presiden Sukarno nate paring wejangan, bilih bangsa ingkang ageng inggih punika bangsa ingkang boten supe kalian jasa lan pengorbananipun para pahlawan. Kanthi punika kangge mengeti dinten pahlawan punika mangga kita terasaken semangat lan perjuanganipun para pahlawan kita ngawontenaken pembangunan, kanthi makarya midherek saking kemampuanipun piyambak, tansah nggatosaken tugas lan tanggel jawabipun piyambak. Ampun nguthak-athik lan nyampuri dhateng urusanipun tiyang sanes margi rasul sampun ngendika bilih satunggaling perkawis menawi dipun paringaken dhateng tiyang ingkang boten ahli kita tengga hancuripun.
Kejawi kita ngawontenaken pembangunan, kita tansah do’akaken mugi-mugi para pahlawan lan para pejuang bangsa ingkang sampun gugur ing peperangan dipun cathet dados syuhadak, seda ingang khusnul khatimah. Amin ya Robbal ‘alamin.

جَعَلَناَ اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِيْنَ الْآ مِنِيْنَ وَأَدْخَلَناَ وَاِيَّاكُمْ فِيْ زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.