9/30/2013

Ningkataken Zakat Infaq Shadaqah


Zakat punika salah setunggalipun rukun Islam, zakat dipun wajibaken dhateng tiyang-tiyang Islam ingkang sampun ngghadhahi kasil setunggal nishab, kapitang ing dalem setunggal tahun. Zakat punika kangge ngresiki dhateng bandha utawi kasil. Zakat punika ibadah ingkang langsung saget dipun raosaken dening sedherek-sedherek kita ingkang tasih kekirangan utawi para mustahiq. Kanthi mekaten minangka dados tiyang Islam ampun eman-eman kaoian bandhanipun ingkang sampun kedah dipun dalaken zakatipun.
Infaq lan shadaqah ugi dados kewajibanipun tiyang Islam,sinaosa boten dipun tentukaken dening nishab lan haul. Sinten kemawon ingkang sampun ngedalaken zakat inggih tasih gadhahi tanggelan ngedalaken infaq lan shadaqah. Malah infaq lan shadaqah ingkang dipun dalaken kadang langking kathah katimbang zakat. Mekaten punika amargi raos syukuripun dhateng Allah. Perlu kita enget menawi kita dados tiyang ingkang syukur mila badhe dipun tambah kenikmatanipun dening Allah SWT.
اَلْحَمْدُلِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. فَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى عَنْهُ وَحَذَّرَ. نَحْمَدُهُ عَلَى جَزِيْلِ الْفَضْلِ وَالْاِنْعَامِ وَنَشْكُرُهُ عَلَى مَا اَوْلَاهُ مِنَ التَّوْفِيْقِ وَالْاِلْهَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الدَّيَّانُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ خَيْرُ مُعَلِّمٍ وَاِمَامٍ, اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ عَلَى مَنْهَجِهِمِ السَّلِيْمِ أَمَّابَعْدُفَيَآعِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mangga sesarengan kita sami ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi sedaya awisanipun. Tiyang Islam wajib hukumipun nindakaken gangsal rukun Islam inggih punika sahadat, shalat, zakat, puasa lan haji. Dipun melai kanthi ngucapaken ikrar Syahadat minangka wujud saking pengakuan kanthi lisan ingkang dipun landasi kalian keyakinan:
أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مَحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ
“Kawula nyekseni lan ngyakini satuhunipun boten wonten pengeran ingkang wajib dipun sembah kejawi namung Gusti Allah, lan kawula nyekseni lan ngyakini bilih nabi Muhammad punika utusanipun Allah”.

Sasampunipun kita ngikraraken syahadatain saterasipun kita tindakaken bukti saking ikrar punika kanthi jumenengaken shalat gangsal wekdal, ngedalaken zakat, nindakaken shiyam lan haji kagem tiyang Islam ingkang sampun mampu. Gangsal pilar punika dados setunggal lan manunggal ingkang kedah dipun tindakaken. Boten saget namung ngucapaken syahadatain mawon lajeng boten nindakaken shalat, zakat, puasa lan haji. Utawi nindakaken shalat nanging boten bayar zakat, boten nindakaken shiyam lan saterasipun.
Semanten ugi agami Islam inggih punika agami ingkang tansah berupaya mujudaken keseimbanganipun gesang, jasamani lan rohani, dunya lan akherat, sakral lan profan. Kanthi punika kangge neguhaken keyakinan banda saget dadosaken tiyang dados iman utawi kafir kados pengendikanipun sahabat Ali bi Abi Thalib:
كَادَ الْفَقْرُ أَنْ يَكُوْنَ كُفْرًا
Kemiskinan iku isa dadekake kufur.

Pramila supados tiyang Islam dados umat ingkang kiyat ing iman, lan kadunyanipun, setunggal saking pilar agami Islam inggih punika zakat. Zakat salah satunggaling ibadah ingkang ngrembaka ing ibadah sosial. Jalaran zakat punika ibadah ingkang langsung sesambetan kalian banda. Zakat dados kewajiban kagem tiyang Islam ingkang ghadahi kasil sampun dumugi setunggal nishab lan dipun miliki dangunipun setunggal tahun. Kasil punika saking wujud hasil usaha selaku pegawai, pedagang, pengusaha lan sanesipun kedah ngedalaken zakatipun 2,5% kanthi nishab emas 94 gram emas, kagem para petani pantun lan jagung kanthi nishabipun 750 kg beras utawi 1.350 kg kabah ing saben panen dipun dalaken zakatipun 10 % sawah boten mawi irigasi lan 5% menawi ginakaken jasa irigasi. Semanten ugi kagem petani saking hasil usaha sayur-sayuran, kembang, palwija nisahab zakatipun kanthi nishab pantun.
Zakat punika dados kewajiban kagem tiyang Islam ingkang kedah dipun tindakaken. Ing dalem Alquran wonten 30 ayat ingkang nyebataken dhawuh ngedalaken zakat lan 27 ayat dhawuh punika sesarengen kalian dhawuh jumenengeken shalat. Tegesipun bilih ngedalaken zakat hukumipun sami kalian jumenengaken shalat, lan boten bayar zakat hukumipun inggih sami kados ninggalaken shalat. Pramila kangge mujudaken tiyang Islam ingkang kiyat iman, amal lan bandanipun, sesami tiyang Islam kedah dipun kembangaken sikap mong tinemong, lan tulung tinulung, kanthi kita tindakaken kewajiban bayar zakat. Jalaran ing sedaya kasil kita, satemah wonten hak-hakipun kagem para fuqara lan masakin. Kanthi ngedalaken hakipun ateges sampun ngresiki dhateng bandanipun, lan insya-Allah badhe pikantuk kaberkahan saking ngarsa dalem Allah SWT. Allah SWT paring dhawuh:



“ Munduta sira (Muhammad) zakat saperangan saka bandhane dheweke kabeh. Kanthi zakat kuwi sira ngresikake lan nyucikake dheweke kabeh” (QS. Attaubah: 103)

Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Zakat badhe nuwuhaken pasederekan ingkang harmonis antawis para aghniya’ lan fara fuqara’, jalaran para aghniya’ netepi kewajiban tiyang Islam inggih punika ngedalaken zakat, infaq lan shadaqahipun. Tumunten para fuqara’ rumaos dipun gatosaken, dipun welasi sahingga sifat, iri, dengki saget dipun kirangi, semanten ugi sifat bakhil, tamak, loba ugi badhe ical. Kanthi punika kangge mujudaken tiyang Islam ingkang kaffah, gangsal pilar punika minangka dasaripun agami, lan kangge mujudaken kasempurnaning pribadi muslim punika kedah dipun kantheni kalian amal-amal shalih sanenipun, utaminipun amal-amal sunnah dan amal ingkang mengku kautaman.
Satuhunipun zakat punika boten badhe ngurangi dhateng rizki, malah Allah badhe nambahi rizki, malah dipun tikel-matikelaken ngantos para muzakki lan munfiq boten saget ngitung amargi kathah lan agengipun piwales saking ngarsa dalem Allah SWT:





“ Patuladhan (sedekah kang kawetokake) wong-wong kang padha nyedekahake bandhane ing dalan Allah iku pada kaya patuladhane sagagang wineh kang nukulake pitung ulen-ulen, kang saben-saben ulenan ana satus wiji. Allah nikel-nikelake (ganjaran) tumrap sapa wae kang dikersakake Allah. Lan Allah maha jembar (kanugrahane) tur maha ngudanani”. (QS. Al Baqarah: 261)

Saterasipun Rasulullah SAW nate ngendika:
مَا نَقَصَتْ صَدَقَةٌ مِنْ مَالٍ وَمَا زَادَ اللَّهُ عَبْداً بِعَفْوٍ إِلَّا عِزًّا وَمَا تَوَاضَعَ أَحَدٌ لِلّٰهِ إِلاَّ رَفَعَهُ اللّٰهُ )رواه مسلم)

“Shadaqah ora bakal ngurangi rizki, lan Allah ora bakal nambah pangapura marang sawijining wong kejaba kamulyan, lan ora tawadhuk salah sawijing wong maring Allah kejaba Allah bakal ngangkat (derajate)” (HR. Muslim).

Allah sampun dhawuhaken dhateng para muslim supados ngedalaken zakat, infaq lan shadaqah. Rasulullah paring kabar sae, bilih zakat infaq lan shadaqah punika dados tabungan deposito ingkang badhe dipun paringaken benjang ing dinten qiyamat. Lan saperangan para muslim sampun buktikakaen bilih ngedalaken zakat infaq lan shadaqah, dadosaken rizkinipun tambah, gampil, malah tambah kathah lan berkah. Kanthi punika menawi kita kepingin ngraosaken kados mekaten punika, boten wonten cara malih kejawi, melai nglatih dhateng pribadi kanthi ngedalaken zakat, infaq lan shadaqahipun. Insya-Allah raos tenang, gampil punika badhe dipun raosaken, mekaten punika margi rahmat lan barokahipun Allah SWT.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.