Syukur lan kufur punika satemah dados sifatipun ati. Nanging syukur punika dados sifat sae ingkang kedah dipun bangun., menawi kufur dados sifat awon ingkang kedah dipun tilar. Syukur lan kufur punika dados sifat sae lan awon menawi dipun gandengaken kalian peparingipun Allah arupi putra-wayah, bandha lan kahanan sanesipun.
اَلْحَمْدُلِلّٰهِ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالَّذِيْ عَلَّمَ بِالْقَلَمِ عَلَّمَ الْاِنْسَانَ مَالَمْ يَعْلَمْ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ خَالِقُ الْبَرِّوَالْبَحْرِ وَالْعَلَمِ, وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ رَسُوْلُه السِّرَاجُ الْمُنِيْرُ الْبَشِيْرُ وَالنَّذِيْرُ, اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ عَلَى سَبِيْلِهِ اِلَى اللهِ يَسِيْرِ. أَمَّابَعْدُفَيَآعِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mangga kita sami budidaya ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi saha nilar sedaya awisanipun Allah. Antawis dhawuh kalian awisan Allah punika, satemah sampun nyata jelas kasebat ing dalem Alquran lan hadits nabi Muhammad SAW. Sedaya dhawuh menawi dipun tindakaken badhe nuwuhaken raos tentremipun jiwa, semanten ugi sedaya awisanipun Allah menawi dipun tindakaken tentu badhe bekto dhateng sengsaraning gesang, melai saking dunya dumugi ing akherat samangke.
Kathah tiyang iman nanging piyambakipun tansah nampi mapinten-pinten cobi, malah menawi dipun raos selami gesangipun tansah nandang perkawis ingkang boten wonten akhiripun. Kosok wangsulipun tiyang ingkang fasiq, kufur lan syirik dhateng Allah, nanging ing perkawis kadunyan tansah pikantuk kabegjan. Sahingga kawontenan punika kagem saperangan tiyang Islam saget dadosaken kemerenm malah saget ugi dadosaken saperangan tiyang sami fasiq lan murtad. Allah SWT sampun ngendika:
“ Apa toh manungsa iku padha ngira yen dheweke kabeh iku diumbarake (wae) sebab dheweke kabeh wis padha nyatakake kanthi pengucape: “ingsun kabeh wis padha iman”, (banjur) ora dicoba? (QS. Al Ankabut: 2)
Kanthi mekaten perkawis mindakipun kasil, minggahipun pangkat, kedah dipun konduraken dhateng hakekat kanugrahan punika satemah salah satunggal saking peparingipun Allah ingkang kedah dipun syukuri. Bandha punika namung titipan, pangkat lan jabatan punika amanat ingkang badhe dipun suwuni tanggel jawab. Dipun paringi sekedhik tansah syukur lan dipun tambah kanugrahanipun inggih tambah anggenipun syukur dhateng Allah, mekaten kasebat ing dalem Alquran:
“ Lan (elinga uga), arikalane Pangeran ira kabeh mbiwarakake (kang surasane): “Sayekti kalamun sira kabeh padha syukur, mesthi Ingsun bakal paring tambahan (nikmat) marang sira kabeh, lan kalamun sira kabeh padha ngingkari (nikmat Ingsun) mula satemene siksa Ingsun iku banget larane”. (QS. Ibrahim: 7)
Syukur punika raos bingah lan marem wonten ig sak lebeting manah, sahingga kanthi syukur badhe nuwuhaken pakerti sae. Ibaratipun sasampunipun nampi kanugrahan badhe tabah iman lan amalipun, dados tiyang ingkang saget migunani dhateng sedaya umat manungsa. Kosok wangsulipun sifat kufur punika badhe nutup sedaya nikmat lan kanugrahan, amargi sedaya peparing punika dados perkawis ingkang sampun biasa lan boten migunani.
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Midherek Rasulullah SAW wonten gangsal perkawis ingkang kedah kita syukuri:
1. Wekdal nem sak derengipun dumugi wekdal sepuh.
Wekdal nem punika wekdal ingkang sarwo ngremenaken, nanging ampun ngantos raos remen punika nilaraken kewajiban. Kanthi mekaten wekdal nem, wekdalipun kagem ngudi ilmu lan agami. Kanthi ilmu saget kangge bekal gesang ing wekdal ingkang badhe dhateng pikantuk kamulyan. Kanthi agami badhe paring pitedah dhateng sedaya perkawis ingkang kedah dipun tindakaken lan kedah dipun tilar. Jalaran agami sampun paring paugeran kangge gesaningipun para manungsa.
2. Wekdal gesang sak derengipun pati.
Gesang punika kesempatan ingkang dipun paringaken Allah kagem sedaya manungsa. Kanthi gesang manungsa tasih saget nindakaken amal ibadah, nambah amal salih lan kesempatan kangge mertobat. Kanthi mekaten kesyukuran kita tingkataken kanthi nambah amal ibadah dhateng Allah SWT. Jalaran gantosipun dinten lan tanggal, wulan lan tahun satemah yuswo kita malah kirang, mekaten punika amargi yuswanipun manusngsa sampun kacathet wonten ing Louhul Mahfudz, sampun dipun tetepaken dening Allah. Ngantos pinten tahun manungsa dipun paringi gesang ing alam dunya, namung allah ingkang pirsa lan kita sedaya namun nindakaken gesang.
3. Wekdal sehat sak derengipun dumugi sakit.
Kanthi sehat manungsa badhe ngraosaken nikmatipun tiyang gesang, dhahar, ngunjuk, sare, lungguh, jumeneng lan sak terasipun. Kawontenan punika dados kenikmatan ingkang asring dipun lirwakaken. Kathah-kathahipun ngraosaken nikmat sehat nalika nembe sakit, kanthi mekaten nalika nembe sakit asring ngghadahi harapan menawi sehat badhe infaq, shadaqah, olah raga, dhahar lan ngunjuk ingkang beraturan lan sak sanes-sanesipun. Ananging nalika sehat sedaya cita-cita punika dipun tutup kanthi kekiatan hawa nafsu.
4. Wekdal longgar sak derengipun dumugi wekdal rupek.
Allah SWT paring wekdal ingkang sami dhateng kawulanipun, sedinten sedalu inggih 24 jam. Wonten tiyang ingkang rumaos kirang kalian wekdal ingkang dipun paringaken punika, wonten ingkang cekap lan wonten ingkang kathah wekdal longgaripun. Kanthi mekaten wujud syukuripun dipun paringi wekdal longgar punika dipun ginakken kangge ngudi kaweruh, moas buku, kitab, utawi pados wejangan saking para penggedhe. Jalaran boten saget ngginakaken wekdal punika badhe beta dhatengaken kapitunan.
5. Wekdal sugih sak durunge temeka wektu kere.
Abu Dzar Radhiallahu ‘anhu nate nyriosaken bilih Rasulullah SAW ngendika:
يَا أَبَا ذَر، أَتَرَى كَثْرَةَ الْمَالِ هُوَ الْغِنَى؟ قُلْتُ : نَعَمْ يَا رَسُوْلَ اللهِ، قَالَ : أَفَتَرَى قِلَّةِ الْمَالِ هُوَ الْفَقْرُ؟ قُلْتُ : نَعَمْ يَا رَسُوْلَ اللهِ. قال : إِنَّمَا الْغِنَى غِنَى الْقَلْبِ وَالْفَقْرُ فَقْرُ الْقَلْبِ
“ Abu Dzar, apata sira ningali akehe bandha iku dadi kesugihan?”. Aku (Abu Dzar) ngucap: “Inggih dhuh Rasul”. Rasulullah ngendika: “Apata sira ningali maring sithike bandha iku dadi mlarate?” Aku (Abu Dzar) ngucap, Leres dhuh rasul”. Rasulullah ngendika “sak temene kesugihan iku sugihe ati, lan kemiskinan iya iku mlarate ati”. (HR. Ibnu Hiban)
Sugih bandha menawi boten dipun kantheni kalian sugih ati, badhe dados bencana. Margi kathahipun bandha punika boten badhe dados cekap nanging tansah kirang.
“Lan ngertenana, yen bandhanira lan anakira kuwi namung minangka pacoban lan satemene ing Ngarsane Allah ana ganjaran kang gedhe”. (QS. Al Anfal: 28)
Supados gesang kita tambah sae lan kraos sakinah kedah dipun usahakaken supados kita dados tiyang ingkang saget syukur dhateng Allah. Mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita sedaya, amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.