اَللهُ أَكْبَرُ ×٩ اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا . لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَاَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَ حْزَابَ وَحْدَهُ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ, اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. أَلْحَمْدُ لِلَّهِ جَعَلَ أَيَّامَ الْأَعْيَادِ ضِيَافَةً لِعِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةً وَسُرُوْرًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. َأمَا بَعدُ: فَيَاأَيُّهَاالنَّاسُ, فَأُوِصْيكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Kamardikaning negari Indonesia ingkang kaping 68 ing tahun 2013, dhumawah ing wulan Syawal, inggih wulan sasampunipun sedaya umat Islam tingkas anggenipun nindakaken shiyam Ramadhan. Wulan punika kasebat wulan kamenangan amargi sampun saget ngeker hawa nafsu, wulan fitrah utawi suci amargi umat Islam ingkang sampun saget nindakaken shiyam Ramadhan namung ngajeng-ajeng ridhanipun Gusti Allah, dipun kantheni kalian bayar zakat fitrah minangka sarana kagem bersih jiwa sahingga nalika mlebet ing setunggal syawal kawontenanipun kados bayi ingkang nembe lahir saking gua garbanipun ibu.
فَمَنْ صَامَهُ وَقَامَهُ اِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا خَرَجَ مِنْ ذُنُوْبِهِ كَيَوْمٍ وَلَدَتْهُ أُمُّهُ (روا ابن حزيمه عن ابي هريرة
“ Sapa bae kang puasa Ramadhan lan jumenengake shalat ing wengine marga iman lan ngarep-arep ridhane Allah, yekti bakal dingapura dosane kaya bayi kang dilahirake ibune”. (HR. Ibnu Huzaemah saking Abu Hurairah)Kanthi mekaten kamenangan lan kawontenan ingkang fitrah punika pas sanget kagem ningkataken semangat bela negara kanthi ningkataken raos nasionalisme lan patriotisme. Negari Indonesia ingkang badhe mengeti bebasipun saking penjajahan selami 350 tahun. Selaras kalian semangat pembangunan ing sedaya bidang, pemerintah negari Indonesia dipun adepaken kalian mapinten-pinten kedadosan ingkang boten pas kalian semangat perjungan lan pengobananipun para pahlawan. Kados pundi para pahlawan ikhlas ngurbanaken bandha lan nyawanipun namung kagem mujudaken kamardikan.
Nanging generasi sapunika selaras kalian majengipun ilmu pengetahuan lan teknologi, kabikaipun media informasi kanthi bebas, sahingga tiyang Islam ingkang boten gadhai kekiatan iman gampil kabujuk kalian tumindak ingkang nerak dhateng wewaleripun syara’. Tumindak korupsi, perjudian, seneng ngunjuk minuman keras, Narkoba lan sajenisipun, serta nindakaken pakerti ingkang nerak dhateng aturan moralitas Islam. Sedaya tumindak punika satemah sanes jiwanipun para syuhada’. Tumindak punika kedah dipun tilar.
Kanthi mekaten sasampunipun kawontenan kita fitrah lan sak bibaripun nindakaken shalat Id dipun terasaken kanthi halal-bihalal. Ing antawis setunggal tiyang kalian sanesiapun sami pasrah kalepatan, rumaos dados tiyang ingkang lepat. Boten wonten tiyang ingkang rumaos bener. Kanthi mekaten menawi sifat punika saget dipun lestantunaken inya-Allah sendi-sendi kehidupan bermasyarakat badhe dados harmonis. Manawi ing setungal tiyang kalian sanesipun sami mong-tinemong, yektos badhe mujudaken manunggalipun sedaya lapisan masyarakat, sahingga negari kita badhe tambah majeng, ing bidang ekonomi, sosial, budaya, olah raga, politik lan keamananipun. Selaras kalian pangendikanipun rasul:
لَا تَبَاغَضُوْا وَلَا تَحَاسَدُوا وَلَا تَدَابَرُواْ وَلَا تَقَاطَعُواْ وَكُوْنُواْ عِبَادَاللهِ اِخْوَانًا وَلَا يَحِلُّ لِمُسْلِمٍ اَنْ يَهْجُرَ اَخَاهُ فَوْقَ ثَلَاثٍ (رواه البخارى ومسلم)
“Sira aja padha nesu-nesunan, meren-merenan, padha mlengos-mlengosan lan medhot paseduluran, dadiya sira kawulane Gusti Allah kang nyedulur. Wong Islam orang kena ngenengake sedulure (padha muslim) punjul seka telung dina”. (HR. Bukhari Muslim).Semanten ugi wonten pangandikan saking ahli hikmah:
اَلْاِتِّحَادُ اَسَاسُ النَّجَاحِ
“persatuan iku azase kamenangan”.Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Semanten ugi semangat kangge mujudaken shilaturahim, sami sowan pisowanan, ngudo raos bingah lan kalepatan, sedherek ingkang sawetawis dangu boten pinanggih amargi, panggenanipun ingkang tebih lan kathahipun pedamelan sahingga boten saget pinanggih ing sak wekdal-wekdal. Sahingga ing wulan Syawal punika kita ginakaken wekdal lan kesempatan kagem ngraketaken raos pasederekan. Pasederekan kanthi pangertosan ingkang wiyar:
1. Pasederekan margi saking keturunan ingkang dipun sebabaken saking pernikahan sahingga mujudaken putra wayah ingkang dipun raketaken kalian hubungan nasab.
2. Paserekan margi saking lingkungan kita gesang, sinaosa wonten tiyang saking manca, ananging sampun dados setunggal RT, RW, Desa utawi Kelurahan sahingga dados keluarga.
3. Pasederekan margi saking setunggal iman lan keyakinan sarta agami. Kados pangandikanipun Allah “Innamal mu’minuuna ihwatun” Satuhune wong-wong mukmin iku seduluran”. (QS. Al Hujurat: 10)
Allahu Akbar 3x walillahil hamdu
Kaum muslimin jema’ah shalat Id Rahimakumullah
Tahun punika satemah dados tahun politik, sahingga bedanipun pemanggih ing setunggal tiyang lan golongan kalian sanesipun kedah dipun budayakaken raos paring pahargyan lan pikurmatan. Satemah ing dunya punika boten wonten ingkang sampurna kejawi kasampurnan punika kedah kita usahakaken, boten wonten tiyang ingkang paling bener lan leres kajawi kita tansah berusaha suados dados tiyang ingkang bener lan leres.
Kanthi mekaten ing tahun politik punika prayoginipun ing saben-saben tiyang tansah ngugemi agaminipun piyambak-piyambak lan nndakaken dhawuhipun agami.khususipun tiyang Islam Allah sampun paring kautaman dados tiyang ingkang bagus:
“ Sira kabeh iku umat kang luwih bagus, kang kalahirake kanggo manungsa (kang supaya) sira kabeh padha printah marang kang makruf, lan padha nyegah marang kang mungkar, lan iman marang Allah. Saumpamane ahli kitab iku padha iman, mesthine iku luwih apik tumrap dheweke kabeh, ing antarane dheweke kabeh ana kang iman (ning) akeh-akehe dheweke kabeh iku wong-wong kang fasik”. (QS. Ali Imran: 110)
Syarat dados tiyang ingkang bagus inggih punika umat ingkang kuat imanipun lan kaping kalih tansah dhawuh nindakaken pedamelan ingkangs sae lan nyegah dhateng sedaya pedamelan munkar. Rasululah SAW ngendika:
يَارَسُوْلَ اللهِ أَيُّ النَّاسِ خَيْرٌ؟ قَالَ خَيْرُ النَّاسِ أَقْرَئُهُمْ, وَأَتْقَاهُمْ لِلّٰهِ,وَآمُرُهُمْ بِالْمَعْرُوْفِ وَأَنْهَاهُمْ عَنِ الْمُنْكَرِ, وَأَوْصَلُهُمْ لِلرَّحِمِ (رواه احمد
“Dhuh rasul, sinten manungsa paling sae niku? Rasul ngendika sak bagus-baguse wong yaiku kang paling bagus wacane(Alqur’an), paling taqwa dhumateng Allah, paling sregep ngajak tumindak kang bagus lan paling rajin nyegah mungkar lan paling rajin nyambung paseduluran”. (HR. Ahmad)Kanthi mekaten ing setunggal wulan sampun dipun latih supados dados tiyang ingkang sabar lan sadar nindakaken dhawuhipun agami. Kita sampun nindakaken ibadah sirri kanthi mekaten kita dipun latih dados tiyang ingkang jujur. Tiyang Islam sampun dipun latih sabar supados ngeker saking dahar lan ngunjuk melai saking wekdal imsa’ ngantos suruping srengenge. Semantenugi ngeker saking hawa nafsu ingkang asal pokokipun saking margi kita mirsani, mirengeken, ngraosaken lan mikiraken, sahingga menawi boten dipun landasi kalian iman yektos manungsa badhe medal saking keimanan.
Semanten ugi sampun dipun latih kalian nindakaken ibadah shalat sunnah, tadarus Alquran lan nindakaken syi’ar Islam. Njagi kawontenan fitrah diri punika, badhe saget mujudaken jayanipun negari. Amargi pembangunan negari punika betahaken pribadi ingkang cerdas, ikhlas, sabar, jujur, disiplin, istiqomah, taqadhu’. Semangat mekaten punika sampun dipun latih ing sak lebetipun nindakaken shiyam Ramadhan.
Mugi-mugi sedaya amal ibadah ingkang sampun dipun tindakaken mugi-mugi dipun tampi dening Allah. Lan sedaya amal ibadah ingkang dereng dipun tindakaken mugi-mugi Allah tansah maringi petedah dhateng kita, margi ingkang leres inggih punika marginipun tiyang-tiyang ingkang dipun paringi kamulyan lan sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang dipun bendoni, amin.