Sasampunipun zaman reformasi, Kepala Daerah, keleres punika Bupati lan Wakilipun, Gubernur lan Wakilipun, lan Presiden lan Wakilipun dipun pilih langsung dening rakyat. Rakyat ingkang nemtunkaken pemimpin ingkang badhe dhateng, kanthi mekaten rakyat prayoginipun saget milih para pemimpin punika kanthi dasar akal lan qalbu, ampun ngantos nurutaken dhateng nafsu. Ngengingi perkawis punika Rasulullah SAW atur piugeran gangge milih pemimpin ing wekdal ingkang badhe dhateng. Mangga kita midangetaken kanthi khutbah Jum'at:
أَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِى خَلَقَ الْاِنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَانَ, أرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى سَاِئِر الْاَدْيَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ اَلْوَاحِدُ الَمَنَّانُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ
Kaum Muslimin Jema’ah jum’ah Rahimakumullah
Mangga sesarengan kita sami budidaya ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah SWT, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar sedaya awisanipun Allah. Kanthi pangajab badhe pikantuk pitedahipun Allah lan kelebet dados tiyang-tiyang ingkang dipun mulyakaken Allah wiwit dunya dumugining akherat samangke.
Melai jaman rumiyin bangsa Indonesia sampun nindakaken demokrasi, inggih punika mujudaken pemerintahan saking rakyat, dening rakyat lan kagem rakyat. Tegesipun pemimpin dipun pilih saking rakyat, pemimpin dipun pilih dening rakyat lan akhiripun pemimpin punika dados panutan lan suri tauladan kagem rakyat. Kanthi punika ing zaman sapunika pemerintahan punika dipun wastani demokrasi, amargi rakyat bebas anggenipun nemtukaken pimpinipun piyambak, punapa malih ing zaman sapunika para eksekutif melai saking presiden, gubernur, bupati/ walikota lan kepala desa lan ugi anggota legeslatif (DPR lan DPRD) ugi rakyat ingkang nemtukaken. Ing tanggal 23 Mei 2013 kita badhe milih gubernur lan wakilipun, ing tahun 2014 kita badhe milih presiden lan wakilipun, ing tahun 2015 kita badhe milih bupati lan wakilipun.
Rasulullah minangka dados uswatun hasanah kangge kita sedaya, mangga sifat-sifat Rasululah punika kita pedomani, Rasululah ngghadahi sifat shidiq, amanah, tabligh lan fathonah.
1. Shidiq tegesipun bilih Rasulullah punika tansah bener lan jujur. Bukti bener lan jujuripun Rasulullah SAW punika sampun kabuktekaken melai yuswa tasih alit. Ing wekdal semanten piyambakipun boten nate goroh sahingga dipun paringi gelar al amin tegesipun ingkang patut dipun pitados.
2. Amanah maksudipun bilih Rasulllah punika pribadi ingkang saget dipun pitados bilih piyambakipun tansah jagi amanah ngkang sampun dipun paringaken. Boten nate gunakaken amanah punika kangge ngumbar kepentinganipun pribadi, keluarga lan golonganipun ananging semata-mata kangge agamanipun Allah inggih punika agami Islam.
3. Tabligh tegesipun Rasullah tansah ngajaraken sedaya wahyu saking Allah, boten wonten wahyu ingkang dipun umpetaken, sinaosa wahyu punika ngengingi perkawis, azab, sindiran lan sanesipun. Malah piyambakipun nate ngendika qulill haqqu walau kaana murron, kandakna kang haq senajan pahit dirasakake.
4. Fathonah tegesipun rasullah punika pribadi ingkang cerdas, cekatan lan trengginas, mustahil manawi Rasululah punika pribadi ingkang bodho sahingga saget dados pemimpin agami lan pemimpin ing negari.
Kanthi sekawan sifat Rasul punika mangga dipun pedomani minangka kangge milih pemimpin kita, jalaran pemimpin punika ingkang badhe nemtukaken majeng lan munduripun masyarakat lan agami, Allah SWT paring dhawuh:
“He wong-wong kang padha iman, aja nganti sira kabeh dadekake wong-wong Yahudi lan Nasrani minangka pemimpin-pemimpin (ira) saperangane (wong-wong Yaudi lan Nasrani mau) minangka dadi balane kang liyane. Sapa wae ing antarane sira kabeh kang dadekake pemimpin marang dheweke (Yahudi lan Nasrani) mangka sak temene wong mau kalebu golongane. Sak temene Allah iku ora bakal paring pituduh marang wong-wong kang padha zalim”. (QS. Al Maidah: 31)
Kanthi pengendikanipun Allah punika mratelakaken bilih perkawis idiologi utawi keyakinan punika dados prinsip,jalaran kanthi tauhid ingkang jejeg yektos badhe bekta rakyatipun ing margi ingkang leres. Lan sedaya ingkang dipun uasahakaken badhe pinaringan rakmat lan kaberkahan saking Allah. Lan ing tembe wingkingipun ing dinten akherat kalebet tiyang beja, pikantuk syafaat saking Allah sahingga dipun lebetaken ing swarganipun Allah.
Semanten ugi Rasulullah SAW ugi paring dhawuh:
خِيَارُ أَئِمَّتِكُمُ الَّذِيْنَ تُحِبُّوْنَهُمْ وَيُحِبُّوْنَكُمْ وَتُصَلُّوْنَ عَلَيْهِمْ وَيُصَلُّوْنَ عَلَيْكُمْ, وَشِرَارُ أَئِمَّتِكُمُ الَّذِيْنَ تَبْغَضُوْنَهُمْ وَيَبْغَضُوْنَكُمْ وَتَلُعَنُوْنَهُمْ وَيَلْعَنُوْنَكُمْ (رواه مسلم)
Kanthi ayat Alquran lan hadis Rasulullah punika, sinaosa Pemilihan Umum lan Pilkada punika hakipun rakyat, ananging langkung prayogi menawi kita gatosaken calonipun, kita pahami visi lan misinipun, supados samangke dados pamomongipun masyarakat. Wasis, lembah manah, andhap asor lan jer budhi laksana.
أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.