Pengembangan Zakat
الحمدلله لاحول ولا قوة الا بالله. اشهد ان لا اله الاالله لا نعبد الا اياه واشهد ان محمدا عبده ورسوله لا نبى بعده, اللهم صل وسلم على محمد بن عبد الله وعلىاله وصحبه ومن والاه.اما بعد: فياايهاالحاضرون رحمكم الله اوصيكم ونفسى بتقوى الله فقد فازالمتقون, وقد قال الله تعالى فى القران الكريم: ياايهاالذين امنوااتقواالله حق تقاته ولا تموتن الا وانتم مسلمون.Mangga kita sesarengan tansah ngasah jiwa lan pikiran kita, kanthi ningkataken bobotipun ibadhah kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nebihi sedaya awisanipun.
Boboting iman lan taqwa punika dipun ukur kanthi pengamalan ajaran Islam berusaha ingkang saleres-leresipun lan sasempurnanipun. Pengamalan ajaran Islam punika minangka wujud saking keyakinan utawi iman lan taqwa kita dhumateng Allah, salajengipun dipun jabaraken wontening pilar-pilar ajaran Islam. Sepindah syahadat, kaping kalih shalat, kaping tiga zakat, kaping sekawan puasa lan kaping gangsal haji. Wonten khutbah punika khatib badhe ngaturaken setunggal saking pilaring ajaran Islam inggih punika zakat.
Kewajiban bayar zakat punika setunggal tingkat derajatipun kalian kewajiban shalat, kanthi dasar saking pengendikanipun Allah واقيمواالصلوة واتوالزكوة “lan pada dekna shalat lan bayara zakat.” Dhawuhipun Allah supados bayar zakat ingkang dipun sarengaken kalian dhawuh nindakaken shalat wonten Alquran dipun sebataken boten kirang saking 27 ayat. Ingkang mekaten punika nedahaken bilih pentingipun nindakaken bayar zakat.
Wonten mapinten-pinten pemanggih berkembang ing satengahing masyarakat, pemanggih punika kedah dipun pahami kanthi wicaksana:
1.Kewajiban zakat ingkang dipun laksanakaken namung zakat fitrah, inggih punika kewajiban ngedalaken bandha kangge ngresikaken badan sak bibaripun nindakaken shiyam Ramadhan. Kanthi punika sasaget-sagetipun dipun pahami lan dipun tindakaken, bilih saperangan saking hasil usaha kita punika inggih kedah dipun resiki, kanthi ngedalaken zakatipun. Lan sajatosipun sedaya hasil usaha kita punika wonten hakipun kagem para fakir miskin, anak yatim lan para kaum dhuafa’. Dados ampun ngantos hasil usaha ingkang halal lan thoyib punika lajeng campur kalian barang ingkang haram.
2.Kewajiban zakat namung winates ing hasil usaha pertanian, perkebunan, peternakan, emas lan perak lan punapa kemawon ingkang sampun pinanggih ing zaman rasul. Sak jatosipun sedaya hasil usaha lan profesi wonten bank, perusahaan, PNS lan hasil pertanian kadosipun taneman cabe, tomat, tembakau, taneman hias, teh, panili, mricam kopi, lada, mrica lan sedaya taneman produktif sanesipun. Dipun etang setunggal tahun sampun ngasilaken setunggal nishab emas (94 gram) kedah dipun zakati 2,5%.
3.Ngedalaken zakat dereng mawi nishab, nembe kalaksanakaken kanthi dasar sadermanipun, sasempatipun. Pramila kanthi UU No. 38 tahun 1999 ingkang ngatur perkawis pengelolaan zakat. Sasaget-sagetipun zakat dipun kempalaken tuwin dipun kelola kanthi menejemen ingkang sae, kanthi margi BAZ (Badan Amil Zakat) utawi LAZ (Lembaga Amil Zakat) lan (UP Z) Unit Pengumpul Zakat. Insya-Allah bandha ingkang sekedhik punika saget nyumrambahi kagem kabetahaning tiyang kathah.
Kaum muslimin jam’ah Jum’ah Rahimakumullah.
Zakat minangka satunggaling pilar agami Islam dipun dhawuhaken dening Allah melai abad kaping kalih Hijriyah. Wonten salah satunggaling riwayat nalika Rasulullah ndhawuhaken ngedalaken bandha kangge kabetahan perang tabuk, para sahabat, kepingin cepet-cepet anggenipun ndamel kabecikan. Contonipun sahabat Abdullah bin Auf piyambakipun gadhah arto 800 dirhan, 400 dirham dipun ginakaken gangge kabetahan perang, sahabat Ali bin Abu Thalib piyambakipun gadhah arto 4 dirham, 1 dirham dipun nafkahaken ing wayah rina, 1 dirham dipun nafkahaken ing wayah wengi, 1 dirham dipun nafkahaken kanthi boten dipun tuduhaken dhumateng tiyang lan 1 dirham dituduhake marang tiyang kathah bilih piyambakipun inggih nafkahaken artonipun.
Pramila wonten ing alam donya punika, tiyang ingkang dados muzakki mujudaken tiyang ingkang taqwa, sebab paugeranipun Allah dipun wigatosaken kanthi saestu, ingkang leres dipun tindakaken lan ingkang awon dipun tebihi. Semanten ugi wonten salebetipun masyarakat buktikaken saget ngemban sih katresnan, ngambangaken raos pasedherekan, sahingga antawisipun para aghniya’ kalian kaum dhu’afa’ tansah raket raos pasedherekanipun amargi antawis setunggal lan sanesipun ngraos saling betahaken.
Kangge pagesangan badhe dhateng, gesang sak sampunipun pejah, maksutipun ing alam akherat, Allah sampun paring janji kanthi pangendikanipun Rasulullah mekaten:
وعن ابى ايوب رضى الله عنه ان رجلا قال للنبى صلى الله عليه وسلم اخبرنى بعمل يدخلنى الجنة, قال تعبد الله ولا تشرك به شيئا وتقيم الصلاة وتؤتى الزكاة وتصل الرحم (متفق عليه)
“ Saking Abu Ayyub Radhiyallahu ‘anhu, satemene sawijining wektu ana wong lanang matur karo kanjeng nabi: Paringana priksa dhumateng kula, amal punapa ingkang saget nglebetaken kula wonten suwarga. Rasulullah jawab, sembaha Allah lan aja pisan-pisan nyekuthokake marang liyane, tindakna shalat lan bayara zakat, lan padha nyambung paseduluran". (Muttafaqun ‘alaih).
Kosok wangsulipun tiyang ingkang boten purun ngedalaken zakatipun badhe dipun paringi piwales kanthi ngendikanipun Rasulullah SAW mekaten:
من اتاه الله مالا فلم يؤ دزكاته مثل يوم القيامة شجاعا اقرع له زبيبتان يطوقه يوم القيامة ثم يأخذ بلهزمتيه يعنى شدقيه ثم يقول انامالك اناكنزك (رواه البخارى)
“ Sapa wonge diparingi bandha karo Gusti Allah lan ora ngetokake zakate, mangka bandha iku ing dina Qiyamat bakal diwujudake dadi ula lanang kang ndase gundul lan ngetokake wisa kang bakal dadi kalunge. Nuli ula iku arep jupuk bandhane (kang ora dizakati) nganggo mulute lan ngucap: aku iki bandhamu, aku iki simpenanmu”.
Akhiripun sumangga kita nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi tansah dipun paringi pitedah anggen kita nindakaken syariatipun Nabi Muhammad, sahingga tansah manggihi kabegjan ing alam dunya lan ing akherat badhe angsal syafa’atipun, amin.
خذ من اموالهم صدقة تطهرهم وتزكيهم بها, بارك الله لى ولكم فى القران الكريم ونفعنى واياكم بما فيه من الايت والذكر الحكيم وتقبل منى ومنكم تلا وته انه هو السميع العليم.